Soal Bahasa Jawa SMP 8 Semester 2
Dibawah ini adalah contoh Soal Bahasa Jawa SMP 8 Semester 2, silahkan dipelajari barangkali bermanfaat, dan semoga dimanfaatkan sebagai mana mestinya latihan Soal Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 2.
Mata pelajaran : Bahasa Daerah Hari,tgl : Kelas :VIII ( Delapan ) Waktu : |
SUGRIWA
………. Sugriwa iku kadang turune Resi Subali,sawise lelakone Cupu Manik kang jalari Subali lan Sugriwa salin rupa dadi wanara,saka dhawuhe Resi Gotama ya Sudarmane.
Resi Subali madeg pandhita sawise tapa ngalong ing alas suryapringga. Dene Sugriwa iku uga tapa ngidang eneng alas surya pringga.Anggone tapa ngalong ing wukir surya pringga, Subali antuk kanugrahaning jawata pinaringan aji Pancasona,yaiku aji kang njalari kalis ing pati.
Aji pancasona iku uga diwejangake marang Dasamuka,critane: Nuju sawijining dina dasamuka nglang nglang jagat,bareng teka saduwure alas Suryapringga, sang dasamuka tiba kumleyang gumebruk suarane pas ana sangisore wit gedhe kang dienggo tapa ngalong Subali. Dening Subali banjur diusadani nanging sulayane rembuk dadhi perang tanding. Boli - bali Subali ketaman senjata Candrasa gegamane Dosamuka,mati urip maneh, sebab dayaning aji Pancasona. Dasamuka rumangsa kalah, lan bahjur suwita dadi siswane Resi subali. Sawise nampa wejangan aji Pancasona Dasmuka bali ning Ngalengka. Ngagone suwita marang Subali watara setahun.…………………..
Pilihen jawaban sing paling bener !
1. Wacan ing nduwur irah – irahane……
a. Sugriwa c. Subali
b. Dasamuka d. Resi Gotama
2. Kang njalari Subali lan Sugriwa salin rupa, jalaran dayaning……….
a. aji tap c. aji Pancasona
b. aji Cupu Manik d. aji Candrasa
3. Sudarmane Subali dalah Sugriwa, yaiku………..
a. resi Dasamuka c. resi Gotama
b. resi Gautama d. resi Durna
4. Subali lan Sugriwa salin rupa dadi wanara. Tembung wanara tegese………..
a. iwak b. manuk c. baya d. kethek
5. Sudarmane Sugriwa kuwi uga sawijining Resi.Tembung sudarma tegese…….
a. bapa c. guru
b. dulur d. tunggal
6. Gabahe teles merga kudanan. Tembung teles kosok baline……….
a.klomoh c. kebes
b. garing d. aking
7. Sepedhahe motor diseleh ana njero omah. Tembung njero omah kosok baline………
a. tengah omah c. njaba omah
b. pinggir omah d. iringan omah
8. Ukara kang nggunakake tembung rangkep……………
a. Bapak mundhut andhuk. c. mas Iful mbayar ujian.
b. Farida nyirami kembang mlati d. Basuki senang tetulung kancane
9. Pepeling ,pepenget,pepadhang.Lsp Klebu tembung rangkep………….
a.dwipurwa c. dwilingga wantah
b. dwiwasana d. dwilingga salinswara
10. Kang nggunakake tembung camboran,yaiku…………..
a. anak lima wadon kabeh jenenge pancagati c. pipine Rina nduren sajuring
b Eko seneng ane jajan dadar gulung d. rambute lagi di kramasi
11. Kang klebu jenise tembung sesulih……..
a. dwilingga c.. panuduh
b. panguwuh d. pitakon
12. Aku tukokna permen karet. Kang diarani tembung rimbag agnya ing ukara iku……………
a. permen karet c. aku
b. permen d. tukokna
13. Tembung kang akasara swara (i ) diucapake swara ( i ) jejeg………..
a. sawi,roti c. gading ,panci
b. kali ,guling d. jaring, kuning
14. Tembung kang aksara swara (u ) diucpake swara ( u ) miring…………….
a. kalung ,banyu c. kuku, suru
b. sarung, bathuk d. turu, kasur
15. Palemahan kang ditanduri kekembangan jenenge………….
a. patapan c. patamanan
b. pasanggrahan d. pinihan
16. Wong kang sabar dientarake jembar segarane . Wong kang gelo arane……
a. jero atine c. rupak jagade
b. nggadho ati d. pingget atine
17. Ukara kang ngemu tegese pangarep-arep …………..
a. muruba ta listrike aku ben isa setrika c. dakkandhanana bola bali
b. saiki ndang muliha mengko selak udan d. budhale esuk mau saiki ora kentekan bis
18. kang Parmin disilihi sarung yo ora gelem nganggo. Ukara iku nduweni teges ………….
a. upama c. ngarep arep
b. sanajan d. ngongkon
19. Kulite kacang isuk mau wis kabuwang denining Amir.Tembung kabuwang linggane buwang oleh
ater-ater (ka). Tembung kasebut nduweni teges…………………
a. Nindakake pegaweyan bola bali c. Nindakake pegaweyan kanthi sengaja
b. Nindakake pegaweyan ora disengaja d. Nindakake pegaweyan kanggo wong liya
20. Ukara kang ngemu surasa nindakake pegaweyan ora disengaja…………..
a. kembange dipethik Sulis c. kembange mawar tinandur dining Sulis
b. bale baskek kauncalake mendhuwur. d. andik kesandhung watu ing dalan
21. Panulise tembung mawa seselan ( in ) sing bener …………………….
a. Ingobong c.Inobong
b. Inulung d.Injupuk
22. Ngabekti marang wong tuwo loro. Ukara iku nggunakake basa……….
a. ngoko lugu c. ngoko alus
b. Krama lugu d. Krama alus
23. Nalika Eyang rawuh Bapak saweg kemawon tindhak . Sing diowahi basa ngoko alus……….
a. Nalika Eyang rawuh Bapak lagi bae tindak. c. Nalika Eyang rawuh Bapak lagi bae lunga
b. Nalika Eyang teka Bapak lagi bae tindak d. Nalika Eyang teka Bapak lagi bae lunga
24. Bapak saben esuk mangan sega pecel. Ngoko aluse……….
a. Bapak saben esuk dhahar sega pecel c. Bapak saben esuk nedha sega pecel
b. Bapak saben esuk dhahar sekul pecel d. Bapak saben esuk nedha sekul pecel
25. Kang nggunaake basa ngoko alus ……………
a. Amir tuku sepeda jengki c. Bapak ora dicaosi pelem
b. Ibu ora diparingi salak d. Agus sampun tumbas buku tulis
26. Susanti dipun utus Eyang mboten purun. Krama lugune………..
a. Susanti dipun kengken Eyang ora gelem c. Susanti dipun utus Eyang ora gelem
b. Susanti dipun kengken Eyang mboten purun d. Susanti dipun utus Eyang mboten purun
27. Bapak kula dereng kondur saking kantor. Tembung kondur krama lugune……….
a. mulih b. wangsul c. kesah d. tindak
28. Rika arep tuku buku.Banjur matur marang bapake nggunake basa krama lugu………..
a. Pak,kula badhe mundhut buku. c. Pak,kula arep mundhut buku
b. Pak,kula badhe tumbas buku d. Pak,kula arep tumbas buku
29. Benjing enjing Eyang rawuh jam sedasa. Ngoko aluse ukara iku………..
a. Benjing enjing Eyang teka jam sedasa c. Sesuk esuk Eyang teka jam sepuluh
b. Sesuk esuk Eyang rawuh jam sepuluh d. Sesuk esuk Eyang rawuh jam sedasa
30. Menawi saged benjing minggu panjenengan rawuh piyambak.ngoko alus ukara iku………..
a. Menawi bisa sesuk minggu panjenengan teka dhewe
b. Menawi bisa sesuk minggu panjenengan rawuh dhewe
c. Menawi saged sesuk minggu panjenengan rawuh dhewe
d. Menawi saged benjing minggu panjenengan teka dhewe
31. Adhik ditimbali ibu diutus mudhutake gula.Krama aluse…….
a. Adhik ditimbali ibu dikengken numbasaken gendhis.
b. Adhik ditimbali ibu dikengken mundhutaken gendhis
c. Adhik ditimbali ibu dipun utus mundhutaken gendhis
d. Adhik ditimbali ibu dipunkengken numbasaken gendhis
32. Ngisor iki salah sijine tujuane pidato………..
a. golek pendukung c. menehi pangerten marang sing ngrungokake.
b. golek informasi d. latihan mental.
35.Karya sastra jawa jaman kamardikan wis akeh kapacak ing……………
a. ari warti basa jawa c. kalawarti basa jawa
b. majalah Gema d. majalah bobo.
36. Jenise tembung macapat kuwi ana 11 cacahe, salah sijine…………
a. kasmaran c. asmaradana
b. wirangrong d. lingsir wengi.
37. Salah siji cirine crita cekak basa jawa……….
a. ngandharake sarining prastawa c. paragane mesthi kewan
b. critane lengkap d. kabeh dicritakake lengkap.
38. Kang klebu cirine geguritan …………..
a. kaiket ing aturan c. mesthi nggunakake purwakanthi
b. ora kaiket ing aturan d. mung sapada .
39. Mia kae alise nanggal sepisan,idepe tumengeng tawang,dene irunge………..
a. nyempluk c. mbangir
b.pesek d. dawa.
40. Kang klebu candrane wong nesu……….
a. baguse kaya bathara kamajaya c. catur wanara rukem
b. sapta kukila warsa d. jaja bang wawinga- winga.
44. Sumantri numpak sepedha anyar.sing diarani tembung kriya ing ukara kasebut yaiku:
a. Sumantri b. numpak c. sepedha d. anyar.
45. Kucinge mangan iwak bandeng.Sing diarani tembung aran ing ukara kasebut:
a. kucing b. mangan c. iwak d. kucing,iwak bandeng.
46. Adhuh ! Sikilku aja kok pidek. Sambate Toni.sing diarani tembung pangguwuh ing ukara kasebut:
a. sikilku b. kok pidek c. adhuh d. sambatan.
47. Mulihku sekolah saiki jam setengah loro. sing diarani tembung wilangan ing ukara kasebut :
a. mulihku b. sekolah c. saiki d. setengah loro.
48. Tuladhane ukara tanduk mawa lesan yaiku :
a. santosa ora sida lunga. c. Adhiku parjiya ayu banget.
b. pak Budi Dhahar sekul pecel. d. sapa sing ora nggarap PR?
49. Sepatune Jhoni isih. Ukara kasebut kalebu ukara :
a. tanggap c. tanduk mawa lesan.
b. tanduk tanpa lesan d. crita.
50. Tuladhane ukara taduk tanpa lesan yaiku :
a. Agus mangan jagung ing sawah. c. Sumartono lagi jagongan ing ruang tamu.
b. Simbah dhahar semangka d. Sepedhahe Amir isih didandani tono.
SELAMAT MENGERJAKAN ! ! !
Jika ingin mengunduh file lengkap seperti postingan ini, silahkan Download Soal Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 2
Soal Bahasa Jawa SMP 8 Semester 2,soal matematika smp kelas 8 semester 2 dan pembahasannya,soal matematika smp kelas 8 semester 2 kubus dan balok,soal matematika smp kelas 8 semester 2 2012,soal matematika smp kelas 8 semester 2 bangun ruang,soal matematika smp kelas 8 semester 2 tentang lingkaran,soal matematika smp kelas 8 semester 2 dan jawabannya,soal matematika smp kelas 8 semester 2 dan kunci jawaban,soal matematika smp kelas 8 semester 2 beserta jawabannya
Semoga bermanfaat postingan yang berjudul Soal Bahasa Jawa SMP Kelas 8 Semester 2, silahkan berkomentar dan bagikan postingan ini, terimakasih atas kunjunagn anda...
0 komentar:
Post a Comment